Selasa, 20 September 2011

Makna Tembang Macapat

Macapat merupakat salah satu tembang jawa yang sarat akan makna dan nilai-nilai luhur kehidupan manusia. Tembang Macapat yang digolongkan menjadi sebelas menggambarkan kisah atau perjalanan manusia dari masa didalam kandungan ibu sampai meninggal dunia menghadap tuhan maha kuasa. Adapun penjabaran 11 tembang macapat yaitu sebagai berikut .


Tembang mocopat lahir pada masa walisongo yang dipergunakan sebagai syiar untuk menyebarkan agama. 
1. Maskumambang, ngambarake jabang bayi sing isih ana kandhutane ibu, sing durung kawruhan lanang apa wadon. Mas tegese durung weruh lanang dan wadon. Kumambang tegese uripe ngambang nyang kandhutane ibune.
Diartikan sebagai sebuah asal-muasal kehidupan seorang bayi yang masih embrio, belum diketahui jenis kelaminnya laki-laki maupun perempuan. Mas = belum diketahui laki-laki atau perempuan. Kumambang = hidup menggambang dalam kandungan.
2. Mijil, ateges wis lahir jabang bayine wujud lanang apa wadon.
Artinya bayi yang sudah lahir, sudah diketahui jenis kelaminnya laki-laki atau perempuan, fase dimana manusia hidup dialam dunia.
3. Kinanthi, asale soko tembung kanthi utawa tuntun. Yang berarti dituntun agar dapat menjalani kehidupan di alam dunia.
4. Sinom, ateges sinoman utowo isih enom. Minangka kalodhangan sing paling penting kanggone remaja supaya bisa ngansu kawruh sak akeh-akehe.
Yaitu pemuda/remaja yang terpenting ketika masih muda adalah menuntut ilmu setinggi-tingginya.
5. Asmaradana, tegese rasa tresna, tresna marang liyan (pria lan wanita) kang kabeh mau wis dadi kodrat Illahi.
asmara=cinta dana=rasa adalah rasa cinta kasih terhadap sesama manusia baik laki-laki maupun perempuan  yang  merupakan kodrat dari sang maha kuasa.
6. Gambuh = jumbuh/sarujuk kang ateges yen wis jumbuh/sarujuk njur digathukake antarane pria lan wanita sing pada nduweni rasa tresna mau, ing pangangkah supaya bisaa urip bebrayan. Sarujuk yaitu telah cocok dan saling mencintai diatara laki-laki dan perempuan selanjutnya dijodohkan diharapkan dapat menjali kehidupan dengan baik.
7. Dandanggula, ngambarake wong kang lagi seneng-senenge, apa kang digayuh bisa kasembadan. Kelakon nduwe sisihan/keluarga, duwe omah, urip cukup kanggo sakkeluargane. Mula kuwi wong kang lagi bungah/bombong atine bisa diarani lagu dandanggula.

Menggambarkan seseorang yang berbahagia, karena terlaksana cita-citanya mempunyai pasangan, anak, rumah dan kehidupan yang cukup.
8. Durma, saka tembung darma/weweh. Wong yen wis rumongso kacukupan uripe banjur tuwuh rasa welas asih marang kadang mitra liyane kang lagi nandhang kacintrakan, mula banjur tuwuh rasa kepingin darma/weweh marang sapadha-padha. Kabeh mau disekunyung uga saka piwulange agama lan watak sosiale manungsa. Yaitu jika sudah kecukupan hidupnya, manusia harus berbagi terhadap sesama yang kurang beruntung.
9. Pangkur, saka tembung mungkur kang ateges, nyingkiri hawa nepsu angkara murka, kang dipikir tansah kepingin weweh sapadha-padha. dapat diartikan bahwa manusia harus dapat menahan hawa nafsu dan perbuatan angkara murka, yag diutamakan adalah selalu berbagi terhadap sesama.
10. Megatruh, asale soko ukara megat roh utawa pegat rohe/nyawane, awit wis titi wancine katimbalan marak sowan mring Kang Maha Kuasa. Megat = berpisah Roh = jiwa/ nyawa yang artinya manusia hidup, jika sudah waktunya akan mati akan dipanggil tuhan yang maha kuasa.
11. Pucung, yen wis dadi layon/mayit banjur dibungkus mori putih utawa dipocong sak durunge dikubur. manusia yang telah mati akan menjadi bangkai yang dibungkus dengan kain putih atau dipocong untuk menghadap yang maha kuasa.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar